MC Manten, Pasrah Panampi Penganten Kakung


*Tuladha Aturipun Panatacara Bade Pasrah-Panampi Pengantin Kakung
Para rawuh sekaliyan ingkang dhaht kinurmatan, kados sampun tinata-titi-tataning gati upacara srah-tinampi sekr cepaka mulya sasele, nun inggih pengantin kakung, ingkang badhe kapasrahaken dening panjenenganipun Bapak Adhi Sutowo ing salajengipun badhe katampi dening panjenenganipun Bapak Kukuh Prabu Fajar, ingkang punika rahayune sedya kula sumanggakaken.

Tuladha Pasrah Pengantin Kakung Badhe Panggih
Assalaualaikum Wr. Wb
Panjenenganipun Bapak Kukuh Prabu Fajar ingkang ngemban wajib luhur ing madyaning pawiwahan ingkang pantes sinudarsana.

nun inggih, sakderengipun kula matur menggah wosing gati wonten ngarsa panjenengan, langkung rumiyen kula ngaturake puji sukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, inggih awit saking panjenengan saha kula maksih dipun keparengaken kempal manunggal saperlu hanetepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan, ing kalenggahan punika kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Wondene wosing gati, perlu kula aturaken wonten ngarsa panjenengan, nun inggih awit saking kula piniji minangka dhuta saraya, cundhaka kinen hanglantaraken saha nyowanaken sekar cepaka mulya sasele nenggih penganten kakung, karana pengantin kakung sampun samapta badhe anetepi upacara panggih.

Ingkang punika sumangga sekar cepaka mulya sasele, nun inggih penganten kakung kula aturaken wonten ngarsa panjenenganipun Bapak Kukuh Prabu Fajar. Bebasan sawer gung asesirah janma, sumangga borong kalaksananing sedya.

Namung kemawon, hambokbilih sowan kula sakadang pangombyong-pandherekipun penganten kakung wonten kirang susilaning krama miwah subasita, saha tuna dungkapipun basa kula ingkang boten nuju prana, labet kula nglenggana bilih kula manungsa limrah, titah sawantah kang kebaking salah, mugi panjeneganipun Bapak Kukuh Prabu Fajar kersa paring agunging samodra pangaksami.

Ing wasana rahayuning sedya, kaleksananing panggayuh, kula ndherek asesanti : Hayu, hayu, rahayu kang sami pinanggih, widada nir ing sambekala.
Wassalamualaiku Wr. Wb.

*Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Paripurna Pasrah Penganten Kakung
Kanthi cetha wela-wela gamblang terwaca panjenenganipun Bapak Adhi Sutowo nggenya hamasrahaken sekar cepaka mulya sasele, katur wonteng ngarsanipun pinisepuh ingkang minangka panampi, saha sulih sariranipun panjenenganipun Bapak Kukuh Prabu Fajar. Saklajengipun badhe katampi panjenenganipun Bapoak Kukuh Prabu Fajar, sumangga.

Tuladha Panampi Pengantin Kakung Badhe Panggih
Assalamualaikum Wr. Wb
Panjenenganipun Bapak Adhi Sutowo ingkang ugi angemban wajib luhur, mugi lekas wekas panjenenganipun ingkang luhur punika sageda tepa palupining sesami, mugi murakbana dhumateng bebrayan agung anggrnya marsudi ing reh nmardawaning budhaya tulus. Kanthi punika pasrah sekar cepaka mulya sasele, nenggih pengantin kakkung sampun kula tampi. Ingkang salajengipun badhe kula aturaken dhumateng ingkang piniji mratitisaken panggihing penganten anut lampahing tata upacara adat-widi-widana ingkang sampun sinengker saha ingkang sampun lumampah.

Ingkang punika, panjenenganipun sumawana para kadang sentana warga, kasuwun tansah hangestreni pawiwahan ing kalenggahan punika nagntos dumugi paripurnaning gati.

Ing wasana hambokbilih wonten gonyak-ganyuking kula ingkan boten nuju prana, kula amung tumadhah lumunturing sih samodra pangaksami ingkang agung.
Wassalmualaikum Wr. Wb.

*Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Paripurna Pasrah-Panampi Penganten Kakung Ngancik Panggih
Para lenggah kakung sumawna putri ingkang satuhu bagya mulya, paripurnaning pasrah panampi penganten kakung, kados wus dumugi wahyaning mangsakala panggihing penganten miturut satataning adat-widi-widana ingkang sampun sinengker, nun inggih tatacara panggih.

Wondene para paraga ingkang piniji mratitisaken miwah nyamaptakaken sarana saha upakarti, kula aturaken ing ngriki :
  1. Nung inggih, ingkang minangka tetuangga (pujangga) manggihaken penganten panjenenganipun Bapak/Ibu.....
  2. Ingkang hanjajari penganten kakung, nu inggih panjenenganipun Bapak......dalasan Ibu.....
  3. Ingkang hanjejeri penganten putri, nun inggih Ibu.......saha Ibu......
  4. Ingkang mbopong sekar Kalpataru-Dewandaru.Jayandaru (kembar mayang) nun inggih Anak mas......saha Anak mas....., wondene ingkang minangka panyongsong nenggih Anak mas......
  5. Ingkang cecawis saha nyamaptakaken sarana panggihing penganten, nun inggih Panjenenganupun Bapak..... saha Ibu.....
Para rawuh, panggihing sriatmaja penganten lamun cinandra :
"Kadya cantaka munya ing mangsa rendeng" (Gd. Kodhok Ngorek)




Posting Komentar

6 Komentar

  1. Tak woco teko duwur nganti ngisor ono sing paham ono sing ora! akeh pahame tapi...

    Mestine kudu paham, mergo boso jowo. hehe

    BalasHapus
  2. Gunging panuwun mas andhika lan mas jeni sampun paring komentar, terose wong jowo ojo lali jowone gih, hehehehe

    BalasHapus
  3. Kalau dikasih versi bahasa Indonesia lebih keren bang. Biar kita bisa belajar.

    BalasHapus
Emoji
(y)
:)
:(
hihi
:-)
:D
=D
:-d
;(
;-(
@-)
:P
:o
:>)
(o)
:p
(p)
:-s
(m)
8-)
:-t
:-b
b-(
:-#
=p~
x-)
(k)